DAFTAR
ISI
Garba
Kemlaratan..........................................................................................................1
Laire Laila......................................................................................................................3
Wes Go
Ntriman............................................................................................................5
Minggat..........................................................................................................................8
Kejiret.............................................................................................................................11
Ajure
Ajur........................................................................................................................13
Srengenge.........................................................................................................................16
Apik..................................................................................................................................18
Ungkapan Kang
Tulus.......................................................................................................20
Nikah.................................................................................................................................23
Garba
Kemlaratan
Panase srengenge ora
bisa ngilangake semangate wong wadon kang jenenge Nurhayati. Saben isuk,
dheweke kudu tangi nyediaake jajan-jajan pasar kanggo didol ing pasar, awane
golek godhong ing kebon lajeng disade. Kuwi wis dadi kebiasaan rutin sing
dilakoni Nurhayati setahun iki. Uripe tansah rekasa banget. Opo maneh dheweke saiki lagi
ngandung anak kang kapisan. Kebutuhan Nurhayati saya akih. Yen mung kerja-kerja
kaya kuwi Nur isih sanggup, Joko bojone Nur kuwi gaweane ngentekke duwit lan
gak tau nafkahi Nur. Duwit saka Nur kuwi kanggo judi, mabuk lan madon. Bengi iki Joko arep lungo
metu.
‘’
Nur, aku
jaluk duwit 100.000!’’
‘’kanggo opo tho mas? Ndek
wingi wis tak
paringi 200.000 ngno kok?’’ jawabe Nur
kanthi alus banget.
‘’Zaman
semene 200.000 yo gampang ntek!!’’ bentake
Joko.
‘’Nanging sediluk meneh
kabutuhan saya akeh lho mas,
kudu setiti!’’
Sabibare kuwi, Joko muring-muring lan nyaduki
opo wae kang ono ing
kiwo tengene. Bisa dibayangke lara atine Nur, nanging Nur
nganggep yen kuwi ujian utawa pacoban saka Gusti Kang Maha Kuasa. Dalan urip
kang loro banget iki
ditompo Nur kanthi Ikhlas.
Sakjane Nur uripe ora nelangsa banget kaya iki. Biyen Joko kuwi nduweni usaha
kang sukses banget, Joko lan Nurhayati urip kanti kecukupan. Nurhayati bisa
lunga-lunga ning mall, tuku barang- barang kang regane selangit lan kagiyatan
mewah liyane. Lan Joko uga bisa lunga nggawa mobil, butuh duwit kari nggesek
ning ATM. Nanging dalan uripe Joko lan Nur saiki ora enak kayak biyen, Joko
nduweni kanca kang ngaku yen dewekke direktur perusahaan gedhe, ing kota Jakarta.
Joko ditawani supaya nandur saham ing perusahaanne direktur kuwi, yaiku pak
Nandar. Pak Nandar janji yen 5 sasi modal kang ditandur Joko bakal oleh
keuntungan kang lipat-lipat. Tiba waktu 5
sasi kuwi Pak Nandar
ilang komunikasi karo Joko.
Nalika Joko nelpon nomer perusahaanne kang diwenehi Pak Nandar malahan ntok jawaban
sing ora penak.
“Halo, apakah benar ini PT. sejahtera abadi?”
pitakone Joko lewat telpon.
“Iya Pak, ada yang bisa
saya bantu?” jawabe wong wadon.
“Bisakah saya berbicara
dengan Pak Nandar?” Joko balik takon.
“Maaf, Pak Nandar siapa
ya?” wong wadon sing nerima telpon balik takon.
“Pak Nandar direktur
perusahaan ini!” jawabe Joko nganggo nada stengah dhuwur.
“Oh maaf Bapak direktur
di PT ini adalah Pak Imam Sadali,
dan sebelumnya di perusahaan ini tidak ada direktur yang bernama Pak Nandar!” telephon ning tangane
Joko langsung tibo ning
lantai omahe, awakke saya lemes banget.
Kabeh bandane Joko di sita bank amergo ora bisa mbayar utang. Mobil, omah kang
gedhe banget, perusahaan kabeh ludes. Wiwit iku Joko kang alus sregep ibadahe
malih dadi wong kasar lali kewajiban marang Gusti lan bojone. Malahan dheweke
njaluk dhuwik bojone. Mulane iku Nurhayati luru dhuwik dhwe kanggo nguripe keluargane.
Saben dina Nurhayati
lungo ning pasar dodol jajan kanggo mburu cukup. Dheweke nawakke jajan marang
ibu-ibu sing lewat ning ngarep panggonan sing dinggo dodol.
“Bu tumbas mboten Bu?”
tawane Nurhayati.
“Inggih Bu, kula tumbas cethot lan lupis 5000 nggih?” jawabe
ibu-ibu rodo tuwo.
“Nggeh bu pinarak
rumiyin!” ngomonge Nur kanthi lembut karo tangane ngedoli.
“Mpun pinten wulan
kandungane Bu?” pitakone ibu kuwi.
“Sampun sangang wulan Bu”
jawabe Nur.
“Mbokyo leren disek sadeyane
Bu,” tuture ibu kuwi.
Nur raine langsung maleh, guyune ilang
pikirane langsung ileng kelakuane bojone sing kaya mangkono. Nanging pikiran
kuwi ilang naliko ibu kuwi takon maneh.
“Bu sampun?” pitakone
ibu kuwi
“Nggeh, niki, matur
suwun.” Jawabe Nur karo ngekehno pesenne ibu kuwi. Sabanjure iku Nur kelingan lan mikir kepiye
carane supaya Joko bisa malih apik kaya mbiyen maneh. Nanging dheweke urung
ntok-ntok carane. Sakwise dodolan ing pasar Nur mulih ning omah. Nur weruh Joko
teler ing ngarep tv. Banjur di gugah Nur supaya pindah kamar.
“Mas . . . . . mas pindah
kamar gih!!” jaluk Nur
”Halah . . . meneng wae!” saurane Joko kasar.
Nur bingung arep nangeake bojone nanging
wetenge gedhe banget, Nur coba maneh nangekake Joko nanging Joko malah tambah
kasar lan Joko malah langsung lungo maneh mboh nang endi. Nur istighfar
langsung jupuk banyu kanggo wudlu lan shalat Dhuhur. Nur coba donga marang
Gusti Allah supaya diwenei keselametan kanggo keluargane.
Awak’e
Nur sayah banget. Sedino
–dino
kerjo kanggo nyukupi
kabutuhan kang akeh banget.
‘’
Nak, yen mengko kuwe
wis lair, mugo-mugo bisa ngiwangi
ibumu yo!!’’ Nur karo
ngelus-elus wetenge.
Nur
ngarep banget duweni
anak wadon supaya bisa
ngewangi awak’e.
Laire
Laila
Suara
adzan magrib wis kumandang nanging Joko lagi bali menyang omah. Dheweke langsung
tumuju kamar tanpo ngomongi Nur. Sabanjure iku Joko ringkes – ringkes gombal
banjur nglebokake gombal ing jero tas sing gedhe. Nur bingung karo tingkah
lakune Joko.
“Mas arep lungo ning ndi
tho?” takonne Nur.
“Aku
arep minggat aku wis ora betah karo kahanan urip iki” jawabe Joko karo nada
kasar.
Nur nangis karo nggondeli Joko
banjur kondo,
“Istighfar Mas iki pancen
pacoban saka Gusti Allah”
Joko
nyempar tangane Nur, nanging Nur tetep nggondeli tangane Joko.
“Pokoke aku arep
minggat. Aku ora peduli,” jawabe Joko.
Joko banjur metu lan lungo saka
omah, Nur nangis lan sedih banget amarga deweke ora tau mbayangno yen awake
bakal ditinggal bojone naliko ngandung sangang wulan. Sedhela sakwise Joko
lungo, wetenge Nur krasa mules. Wonge ngeroso yen arep mbabarno
“Ya Allah parengono
kuat Gusti,” sebute Nur.
Nur bingung banget amarga ora ono wong sing
arep nulungi wonge. Nanging sedhela sakwise Nur nglarani, ujuk-ujuk Bu Harti
tonggo teparone Nur moro neng omahe arep ngeterake berkat.
“Assalamuallaikum bu Nur.... Assalamuallaikum,”
salame Bu Harti.
Bu Harti bingung amarga ora ono
jawaban saka Nur, bu Harti langsung bomah lan weruh Nur nglarani arep babaran.
“Buk
tulung, tuluuuuung Bu. Aku arep nglaerno” suarane Nur njaluk tulung marang Bu
Harti.
Langsung wae Bu Harti nuntun Nur
menyang Puskesmas, ing turut dalan Nur ngrasakake loro banget.
Sakwise
5 menit ing
dalan, akhire Nur lan Bu Harti tekan
puskesmas. Sabanjure tekan
puskesmas, Nur
langsung digowo perawat menyang
ruang persalinan. Setengah jam sakwise ditangani
bidan, anake Nur langsung lair.
“Selamat nggih Bu, anake panjenengan wedok
lair kanthi
sehat lan selamet,”
pituture bu bidan.
“Inggih Bu, kula pengen ningali putri kulo,” jawabe Nur karo atine
banget bungahe.
“Inggih niki putrine
panjenengan ayu koyo ibuk’e,” tuture bu bidan karo
ngekehne anake Nur.
Nur
seneng banget, saking
senenge banjur ilune mbrebes mili.
“Alhamdulillah Gusti, besok
dadio anak kang
bekti marang wong
tuo. Insya Allah ibu bisa nguripi kuwe lan nyekolahke
kowe nduk. Yen bapakmu ono mesthi seneng
banget weruh kuwe,”
sebute Nur marang anake.
Telung dino Nur ana ning rumah sakit.
Nalika ape muleh, Nur ora iso
bayar biaya lahiran.
“Bu Har jenengan gadah
arto? Kulo badhe utang
kanggo bayar biaya lahiran. Bapake
mboten
ninggali arto kangge lahiran,”
pitakone Nur marang Bu Harti.
“Iya Nur. Piro
butohmu? Yen sitik aku iso mbantu,” jawabe Bu Harti.
“600
ewu Bu,” jawabe Nur.
“Iya Nur nteni
sedhelok tak jupukna duwit
nang ngomah,”
tuture Bu Harti.
“Inggeh Bu. Kulo matur nuwun
sanget,” jawabe Nur karo
nangis.
Sakwise
tekan omah Nur
ngopeni anake kang diwenehi
jeneng Laila. Rekasane nduwe anak dirasakke
Nur tanpo bojone
Joko. Bengi wayahe turu kanggo
ngopeni anake lan awane dodolan jajan
kanggo nyambung urip
awake Nur sayah banget amarga penggawean akehe banget kaya
ngono
dilakoni Nur dhewe.
Dino
nganti dino tahun
nganti tahun,
Laila saya gedhe. Dheweke dadi bocah
sregep lan pinter marang ibune.
Dheweke ngurangi bebane ibune ngopeni omah. Laila bisa nyapu, ngepel, umbah-umbah, isah-isah
lan kegiatan liane.
Ibune seneng banget amarga
Laila niru watake
ibune
lan ora niru
watake bapake.
“Ibuk aku wis
nyapu lan ngepel
lajeng nopo meleh?”
pitakone Laila marang ibune.
“Wis nduk matur
nuwun ibuk wis
ora pati kesel,”
jawabe ibune.
“Inggeh bu iki wis
kewajibane aku marang ibu. Opo
meneh ibu wis
golek duwik kanggo
nyukupi kebutuhan kang wis dadi
kewajibane bapak,” tuture Laila.
Nur nangis sakwise krungu tembung
kang diucapke Laila.
Nanging sakwise Laila
masuk SMA, kelakuane berubah 100%. Dheweke singa asale nurutan marang ibune,
dadi bocah mbadel ora iso dikandhani. Perubahane iku amarga dheweke dinyekki
kanca sakkelase amarga dheweke anake wong ora dhuwe. Kanca sakkelase pancen
anakke wong sugih-sugih, kabeh kabutuhan kecukupan. Pengen tuku HP sing merek
opo wae iso keturutan. Bedo marang Laila, kanggo mangan wae ibune kudu dodolan
jajan ning pasar.
Wes
Go Ntriman
“Srek..srek….!”
suara sapu nalika Nurhayati nyapu ing latar.
Nalika
kuwi Laila durung tangi kanggo siap-siap menyang sekolah amergo winginane laila
ngewangi dodolan Nur hayati ing pasar. Nalika laila ngewangi ora duwe niat kag
iklhas ngewangi Nurhayati.Nur hayati iku wong sing sabar,ulet,lan sayang karo
keluargane nanging nasibe ora mujur. Jaman mbiyen keluargane sugeh amergo ulahe
joko, nasibe Nur Hayati sak keluargane dadi elek. Nur hayati dadi wong kere
ditinggal minggat jkoko menyang Jakarta.
Semono uga laila dadi bocah kang ora ntriman amergo keterbatasan ekonomi
keluargane.
“ Laila..Laila.!”
mbengok swarane Nita, Tiur, lan kanca-kancane ana ing duwur sepedane ing ngarep
omahe laila.
“Wonge durung
tangi nduk…!” jawab Nur hayati sing ijeh karo nyapu ing latar.
“Lho niki wes
jam 06.15 kok lek..laila during tangi mangke dak telat sekolahe lek..?” takon Tiur.
“ Sek..sek
nduk..! entenana sedelok , tak gugahe laila,” jawab Nur hayati
Nurhayati ngomong karo Tiur lan
kanca-kancane Laila. Nurhayati langsung nyelehke sapu sing dinggo nyapu mau.
Enggal Nurhayati budhal menjero omah nggugah laila sing durung tangi.
“Astagfirullahhaladzim,
cah wedok… cah wedok polahe kok kyok mangkene, tangi nduk… tangi?” sambat Nur
hayati amergo lila hurung uga tangi.
“Ana apa leh
bu..ijeh isuk iki,,,!” jawab laila
“Ijeh isuk piye
leh nduk iki wes jam 06.30 kok, iko0 lho kancamu wes do ngenteni kuwe nek
ngarep omah..!” saure Nurhayati.
“Piye leh buk..
ngono mau dak dgugah isuk a..?” jawabe lailai karo nyentak-nyentak Nurhayati.
“Wis lek gage
dang adus..! lek ndang mangkat sekolah selak keri…” saure Nurhayati.
Sawise diomongi Nurhayati, Laila enggal
adus menyang kamar mandine. Sawise kuwi Laila enggal budhal menyang sekolahan.
Tanpa pamit karo Nur hayati, amergo laila mutung karo Nur hayati sing nggugah
kawanen. Banjur tiur nggocekke laila numpak sepeda menyang sekolahan. Ning
dalan laila diomongi kancane.
“Piye leh laila, tangimu kok awan
banget?” takon nita
“Iyo hare laila, kuwe ndek bengi lapo ae
leh kok karipan..!” saut tiur
“Mbuh-mbuh ayo go dang diolahi banter
pedale yur..!” ora jawab pitakone kancane malah ngamuk-ngamuk kancane.
“Ngeniku kon nukokno sepada nur hayati
go la..? mrentah Nita
“Iyo hare ibukku mbuh piye, ngko nek
tekan omah tak kon nukokke sepeda…!” jawab laila.
“ Lhah apik iku, sak umpamane nek duwe
sepeda dewe lak kepenak a, aku oralah marani kuwe angger dino…?” takon tiur.
Tekan sekolahan
Laila,Tiur,Nita lan kanca-kancaner kabeh mau enggal mlebu kelas. Ing njero
kelas Laila gojek karepe dewe pas diulang gurune. Gurune banjur ngakon Laila
maju ing ngarep kelas. Laila diukum gurune dikon ngadek karo sikil siji ing
pojok ngarep kelas. Laila iku mpancen bocah emboh diulang malah gojek karepe
dewe. Sawise diukum laila dikon linggeh maneh gurune ing bangkune mau. Banjur
ganti pelajaran liyane. Sak wise bar pelajaran terakhir bel balik sekolah
krungu..!
“Tettt….tettt”
“Ayo a dang
balek yur…?” takon Laila ngrusuni Tiur
“Iyo..iyo sabar
sitik go!” jawabe Tiur
Ing dalan muleh
Laila mikir-mikir enake ngakon Nur hayati nukokno sepeda warnane opo. Mbareng
tekan omah Laila ngamuk-ngamuk maneh ambi Nur hayati ngrengek ngakon nukokno
sepeda.
“Buk..aku
ngeniku tukokno sepeda go buk..! ben koyok kanca-kancaku wes do nduwe sepeda
dewe-dewe, lha aku endi buk sepedaku,,?” ngrengekke laila.
“ Sabar nduk.
Ibumu iki lagi nyelengi duwit kanggo nukokno kuwe!” jawabe Nur hayati
“Sabar,…sabar..
sabar kok terus leh buk, aku ngeniki kesel dadi wong kere, bapak wes minggat
ijeh urip koyok ngene..! Laila ora betah buk..!”
Wektu iku Nur
hayati mung bias meneng lan netesno air mata amergo diuneni anake koyok ngono.
“Pokoke angger
ora mbuk tukokno sepeda, aku arep minggat melu bapak Joko..!” sentak Laila
“Iyo..iyo nduk Laila,
ibuk janji sesuk tak tukokno sepeda nduk…!” jawabe karo nangis sesenggukan.
“Titeni nek ora
mbuk tukokno!” jawab Laila bocah kang ora tau gelem triman karo keadaane wong
tua.
Pirang-pirang
dina iki Nurhayati golek utangan ngalor ngidul ngetan ngulon kanggo nukokke
sepeda anake nanging ijeh ora kebeneran maneh. Amergo kanca-kancane sak iki nek
marani Laila iku tumpakane sepeda montor ora speda maneh.
“ Alah lek buk..
sepeda koyok telek ngeniki kok buk tukokokno kanggo aku leh...?” gremenge Laila
“Wes go nduk,
trima opo anane wae. Ibu wes susah payah golek utangan kanggo nukokno sepeda
kuwe!” jawab Nur hayati
“Ingeti go buk..
sepeda sak iki wes ketinggalan zaman..! Tiur , Nita, sak iki numpake sepeda
motor lha aku mbukkon ngontel pedal dewe buk...?” takon Laila.
“Wes sak iki
pokoke aku tukokno sepeda motor buk, ijolno sepeda elek iki karo sepeda motor
aku wes gak betah dadi wong kere ..!” ngakone Laila
Benggang pirang
dino maneh nur hayati arep golek utangan maneh kanggo nukokno sepeda motor
kanggo anake nanging Nur hayati ora entuk utangan saka tanggane.
***
Minggat
Wis telung dina
iki, Laila ketok banget yen dheweke ana masalah.Biasane karo kancane pada
guyonan nalika menyang sekolah, nanging saikine Laila menengan. Kancane yo ora
ngerti,dikira Laila paleng durung sarapan.Nek durung sarapan kok awake yo ora
lemes tur yo raine ora pucet.
Amarga kuwi sing
dadikake Nita, kancane Laila sing saben dina mangkat bareng duweni rasa
penasaran. Biasane kancane iku,turut-turut dalan cerita bab sekolah utawa
pelajaran nganti tekan sekolahan.
‘’La............’’Nita
nyelok Laila karo nepuk pundake
‘’Eh lha dalah
ana apa to Ta?’’ kagete Laila.
‘’Sampeyan iku
lho tak sawang-sawang kok meneng wae, saka omah nglamunake sopo leh nganti lali
yen ono aku nek sandingmu iki,’’ jawabe Nita.
‘’Mboh Ta,rasane
awakku ora kepenak,’’ tuture Laila.
Nita sing
kancane Laila kawit cilik yo ora terus percaya nek Laila lara lah yo ora bakal
nglamun sedalan dalan koyo mangkene.Mboh apa sing dipikirna Laila, Nita yo
khawatir wong biasane balane iku nek ana masalah langsung di ‘’Share’’ nek
jarene bocah gaul jaman saiki.
‘’Aku iki
kancamu kawit cilik La,aku ora iso mbok apus. Cerito wae karo aku!’’ tuture
Nita.
‘’Sak
benere ngene Ta, aku ndek wingi bar tukaran karo si mbok,’’ jawabe Laila karo
nada rada sedih.
‘’Babagan apa tho La?’’ pitakone Nita.
‘’Mbiyen awakku jalok sepeda supaya nek
mangkat sekolah bisa kaya kanca-kanca,’’ jawabe Laila.
Krungu kaya mangkono, Nita meneng
sadelok. Dheweke ngeling-ngeling yen
Laila wes ditukokke sepeda. Lho ana apa meneh seng nggawe masalah. Nita tambah
penasaran.
‘’Nek omahmu bukane wis ana
sepeda kok La?’’ pitakone Nita.
‘’Yo ana,
nanging aku jalok meneh karo si mbok supaya ditukokke montor. Simbok malah ora
gelem nukokake. Ya kuwi seng dadikake aku tukaran karo si mbok,” tuture Laila
meneh.
Ora keroso Laila kaliyan Nita
omong-omongan, dhewekke wis tekan ngarep gerbang sekolahan. Sanajan mendung
nanging wis jam 7, gerbang sekolah arep
di tutup pak satpam. Nita nyelok Pak Satpam supaya gerbange ora ditutup.
‘’Ojo ditutup disek pak!’’
Laila dan Nita mbengok nganti otot ning gulune pada ketok.
‘’Ayo pada mbomah La, mengko sambung meneh
masalahmu nalika balek sekolah,’’ pituture Nita.
Laila mung ngangguk wae disambi mlaku
cepet-cepet menyang kelas. Laila kuwi klebu murid sing rajin nek mangkat
sekolah ora tau telat kaya saiki.
Wis jam 2 awan wayahe bocah-
bocah budal sekolah. Nita wis ngenteni Laila nek ngarep gerbang sekolah amarga
Laila karonan Nita kuwi ora sekelas. Dhewekke lagi kepikiran yen sesok minggu
arep menyang Jakarta sowan ning omahe Pak de Kusno, Anita pengen ngajak Laila
supaya bisa sekalian refreshing.
‘’La......
,sesok aku arep lungo nek jakarta sowan nek omahe pak de, kuwe melu yo?’’ ajake
Nita.
‘’Ehmmm, iyo sembarang Nit,’’ jawabe Laila.
Srengenge wis katon ambles ora ketok wujud e,
manuk-manuk wis podho miber balek menyang panggone. Suara adzan kumandang ana
ing masjid lan mushalla. Laila ana ning kamar karo mikir, dhewekke yo pengen
ngrasakke urip kang luwih kepenak tinimbang saka saiki tuku opo ae ora bisa
keturutan. Lha iki pas Nita ngajak dewekke menyang Jakarta, Laila kepikiran yen
arep luru penggaenan kang bisa bagyoake uripe ninggalke si mbok ning kampung.
Hawane iseh atis
,pitek pitek durung kluruk nanging Laila wis siap-siap beres-beres baju sing
arep di gowo. Janjiane karo Nita mangkat jam setengah enem, supaya ora ngerti
si mbok Laila mangkat jam limo. Wong pancen nganti saiki Laila karo si mbok e
iseh tukaran.
Laila cepet –
cepet moro nek omahe balane iku mau karonan nyangklong tas sing isine gombal
telung wiji lan ngesak i duwit saka celengane kanggo biaya ana ing Jakarta.
Omahe Nita ora adoh saka omahe. Laila weruh Nita lan keluargane wis siap-siap
ono ngarep omah. Laila nyedaki balane kuwi.
‘’Eh La rene lho ayo podo mangkat,‘’ sapane Nita.
‘’Yo Nit ,ngapurane rodok telat,’’ jawabe
Laila.
‘’Iyo ora popo, wis ayo do mlebu mobil,’’
ajake Nita marang Laila.
Laila mlebu mobil lan lungguh jejer Nita
ning kursi ngguri.Tekan kene Laila duwe kepinginan yen mengko wis tekan Jakarta
Laila arep ning Jakarta lan ora arep balek ndisik. Pengen luru penggaenan sing
bisa ngepenakke uripe.
Ora kroso mobil
sedan werna putih abu-abu sing ditumpaki Laila wis tekan Jakarta. Atine Laila
seneng banget amarga lagi sepisan iki weruh sing jenenge ibukota Indonesia ning
ngarepe. Mobil kuwi diparkir ana ing ngarep omah sing gedhe lan tingkat. Mobil
mlebu ana garasi. Nita medun lan ngajak Laila mlebu ning daleme Pak De’ne.
Keluargane Nita
lan Laila disambut kanthi sumringah pak de Kusno neng ngarep lawang.
‘’Ayo podho mlebet dikemasi barang barang
e’’pak de kusno karo salaman karo adine
‘’Nggeh Pak de,’’ jawabe Anita karo mesem.
Laila ngrasa pakewuh amarga ora
keluargane dhewe. Laila katon canggung
yen jare bocah enom zaman saiki. Karonan nyangklong tas dhewekke mlebet bareng
Nita. Amarga tekan kono wes bengi, Pak De Kusno wes nyiapake panganan. Lan
sakeluarga pada madang, Neng kene Nita ngenalake Laila karo Pak De’ne.
‘’Iki
lo Pak De sing jenenge Laila sing kerep tak ceritakake,’’ tuture Nita marang
Pak De’ne. ‘’Owh
iki tho sing jenenge Laila, piye kabarmu nduk?’’ pitakone Pak Kusno marang
Laila.
‘’Alhamdulilah sae Pak De,’’ jawabe Laila
santun.
‘’Kuwe iki sing
jarene entuk rangking pararel terus iku yo?’’ pitakone Pak Kusno marang Laila.
‘’Emm, nggih Pak De,’’ Laila isen karo
mesam-mesem.
Wengi kuwi Pak Kusno, Anita, lan Laila
cerita ngalor-ngidul sampek ora kroso wis jam 10 bengi. Pak De Kusno matur
supaya podho istirahat yen pancen sesok arep balek. Ning jero kamar Laila ora iso
turu amarga kepikiran yen piye mengko esok ora melu balek lan ora ketauan.
Esok-esok Laila
metu mbukak pager metu saka omahe Pak Kusno ora lali dheweke karo nyangklong
tas sing isine baju lan duwit. Laila mlaku ning pinggir dalan sing wis rame
lalu lalang motor lan mobil. Laila ora ngerti arep ning ngendi lan arep nemoni
sopo. Dhewekke mlaku sedalan-dalan supaya ora bisa bali ning kampung. Pisanan
dhewekke yo wedi yen di perkosa utawa dijambret amarga iki Jakarta sing akeh
kejahatan. Rasa kepingin urip kang luwih kepenak ngalahake rasa wedine dhewe.
Kejiret
Wes biasa yen ning kutha kuwi kabeh larang . Saengga ndadekake Laila
stress miker kabutuhane sing saya akeh, nanging Laila ora biso nyukupi kabeh
kabutuhane kuwi. Laila miker pengen luru kerjo, nanging kerjo opo sing biso
oleh duwit akeh tur ora abot. Nalika wektu bengi, Laila mlaku-mlaku dhewekan.
Laila sing duweni body lumayan apik,
enak di sawang, lan liya-liyane banjur dicedaki wong wedok seng seumuran karo
Laila, jenenge Lisa. Wong kuwi
omong-omongan karo Laila banjur nawani kerjo kanggo Laila. Laila dijak kerjo
awor dheweke ning club malam (virgin
bar). Jarene Lisa kerjo ning kono entok duwit akeh tanpa kerjo abot. Laila sing
wis buntu pikire, langsung kepincut pengen melu kerjo ning kono.
“Saya punya
tawaran kerja buat kamu, tapi itu juga kalau kamu mau. Bayarannya lumayan lho
kalau buat seumuran kamu ini. Apalagi kamu punya body tubuh yang wow dan
cocog dalam kerjaan ini,” omonge Lisa.
“Saya mau kerja
apa aja mbak yang penting saya bisa mencukupi kebutuhan hidup saya selama di
sini. Memangnya kerja apa mbak ?” takone Laila.
“Kerja di remaja
bar, kebetulan sedang butuh banyak pekerja dan saya lihat kamu cocog,” jawabe
Lisa.
Laila seng asale wong ndeso rodok bingung
opo iku virgin bar. Akhire Laila gelem nerimo tawanane Lisa mau. Laila diwenehi
kertu namane bose Lisa sing ngurusi kerjo.
“ Ya sudah mbak saya mau ikut kerja mbak. Tapi saya nggak tau
tempatnya.”
“ Baik kalau
mau, ini saya kasih kartu nama bos saya namanya mami Jessi. Kamu boleh datang kapan aja kamu mau kalau kamu benar-benar
mau kerja di situ.”
“ Makasih
sebelumnya mbak karena saya sudah di ajak kerja di tempatnya mbak. Saya nggak tau lagi harus nyari kerja kalau nggak
ketemu mbak.”
“ Iya sama-sama. Kalau begitu saya pergi dulu ya, saya masih banyak
kerjaan. Sampai ketemu di tempat kerja.”
Laila seneng ora karuan amergo dheweke wes etok kerjo.
Bengine Laila moro neng alamat seng
diwenehi Lisa ndek wingi. Laila seng lagi mlebu banjur ngerti tempat opo kuwi,
nanging Laila ora peduli. Neng kono Laila ketemu Lisa banjur dikenalke karo bos
e Lisa, mami Jessi.
“ Tok tok tok . . . . . . permisi, mami ada yang mau ketemu .”
“ Silahkan masuk, ada yang bisa saya bantu ?” mami jessi takon.
“ Ini lho mi, Laila orang yang
kemarin saya ceritain ke mami. Dia mau kerja di sini.” Lisa mangsuli.
“ Ooh. . . ini orangnya, lumayan. . . .
Silahkan duduk.”
“ Kenalin nama saya Jessi, kamu panggil saja saya mami Jessi. Apa benar
kamu mau kerja di sini ?kalau kamu mau, kamu harus mau nurut sama saya. Gimana
sayang ?”mami Jessi takon neng Laila.
“ Iya mami, saya mau kerja di sini asalkan saya dapat uang buat nyambung
hidup saya di Jakarta.”wangsulane Laila.
“ Ya sudah . . . sekarang saya mau kenalin kamu ke Client saya nanti kamu layani apa saja yang dia mau. Buat dia yang
senyaman mungkin sama kamu supaya kamu juga dapat bayaran sesuai yang kamu
inginkan. Ayo ikuti saya.”
Laila karo mami Jessi wes tekan panggonane client mau, Laila banjur
dikenalke mami Jessi. Amargo Laila saka ndeso, nanging Laila ora gugup tur ora
isinan yen ketemu wong seng lagi dikenal.
“ Selamat malam om, kenalkan ini Laila. Laila, ini namanya om Bambang.
Nanti kamu bisa ngobrol-ngobrol sama beliau lebih dekat lagi, sekarang saya
tinggal dulu kalian ngobrol-ngobrol santai aja.”
“Ooh ya mami, trima kasih.”
“Silahkan duduk Laila, saya mau lebih mengenal kamu bolehkan ?”takone om
Bambang.
“Oh ya boleh om.”
Ora suwe Laila wes akrab karo om Bambang mau banjur crito-crito. Laila
seng wes gelem mbaturi om Bambang banjur diwenehi duwit ora karuan saka om
Bambang. Ora trimo duwit upah saka mbaturi, nanging Laila uga diwenehi bonus
saka om Bambang lan mami Jessi kang wes gawe om Bambang seneng. Amargo dino wes
larut bengi, om Bambang banjur pamit muleh karo nawari Laila muleh bareng.
Tekan ngarep kos-kosan, Laila mudhun saka mobile om Bambang lan om Bambang
pamit. Sakdurunge muleh, om Bambang pesen karo Laila yen sesok om Bambang
pengen dibaturi Laila meneh. Laila seneng banget amargo dheweke biso oleh duwit
akeh ing wektu kang ora suwe tur ora
kerjo abot.
Bengine meneh, Laila dipapag om Bambang neng ngarep kos-kosane Laila.
Laila seng nganggo pakaian sexyora
koyok biasane, dandanane menor ora
karuan( wes persis cabe-cabean )banjur dijak lungo om Bambang shopping. Nalika Laila dandan koyok
ngono, om Bambang ora ilfil. Sakwise
shopping, Laila dijak neng panggona kanggo seneng-seneng selain remaja bar. Tentu wae Laila seneng
banget, kerjo tapi malah seneng-seneng ora susah tur oleh duwit akeh. Dino demi
dino dilewati Laila, duwite Laila soyo akeh sehingga biso tuku omah kang mewah
karo mobil mewah seng ora mung siji. Laila ora nyongko yen dheweke iso duweni
opo kang dikarepake kanthi wektu kang ora suwe nalika nganggo cara kang ora
halal. Saiki uripe Laila kepenak ora susah kayata neng ndesa kae.
Ajure
ajor
Telung taun
suwene Laila makaryo ing virgin bar, Laila saged nduweni omah gedongan koyo
sing dikarepake. Ogak mung omah gedongan, Laila uga nduweni mobil mewah warnane
abang, yen kena srengenge mobil cemlorot gawe mlongo sing weruh. Laila bungah
amarga bisa duweni apa sing di karepake. Sore iku, Laila jalan-jalan nganggo
mobil abange ing taman kota, ra sengaja Laila ketemu koncone, Lisa.
“Hei, sama siapa
kamu kesini?” takoke Lisa.
“Sendirian aja
kok” wangsulane Laila.
“Eh, kamu bawa
mobil, kan?” pitakone Lisa.
“Bawa, kenapa?”
tuture Laila.
“Kita pergi ke
mall yuk, mau cari baju yang bagus nih,” tuture Lisa.
“Yuk,, kebetulan
aku juga lagi males nih, butuh hiburan,” jawabe Laila karo ngguya-ngguyu.
“Eh, tapi
traktir yah, sekali sekali lah,” guyonne Lisa.
“Oke deh,
mumpung lagi ada uang,” jawabe Laila.
Lisa lan Laila
mlebu mobil, ning perjalanan, Laila lan Lisa cerita-cerita tentang kerjanane.
Laila wis duwe rasa nyaman ambi kerjanane kuwi. Amarga, mung sewengi Laila
makaryo, Laila saged duweni kabeh sing dikarepke. 30 menit Laila lan Lisa ning
jero mobil, akhire tekan ing panggonan kang dikarepake. Laila markirke mobile
ing parkiran. Ning parkiran, Laila ketemu cah lanang, cah lanang kuwi setengah
tuwo, nanging iseh bagus, mobile pajero.
“Hai...,” sapane
cah lanang kuwi.
“Hai.. maaf, ada
apa ya?” takone Laila marang wong lanang kuwi.
“Boleh kenalan
nggak?”
“Oo.. iya, nama
saya Laila.”
“Dan nama saya
Lisa.” Lisa nyaut tanpo permisi.
“Oo.. nama
kalian cantik, secantik wajah kalian.” Rayune wong lanang mau.
“Terima kasih,”
jawabe Lisa.
“Kalau nama anda
siapa ya pak?” takone Laila.
“Nama saya
Hasan, kalian mau saya temani keliling mall?”
“Anda serius?”
Lisa seneng enek sing gelem ngeter dheweke mubeng-mubeng mall, amarga saged
dimanfaatke.
“Iya, apa kalian
mau?” takone Pak Hasan.
“Iya, dengan
senang hati, kami mau ditemani Bapak,” saut Lisa.
“Tolong jangan
panggil bapak ya, kayaknya saya kok tua banget yah dimata kalian.”
“Terus kami
harus manggil apa?”
“Panggil mas aja
lah.”
“Iya mas,”
jawabe Laila.
“Nah, gitu
dong,” tuture Pak Hasan.
“Mari mas, kita
keliling mall,” ajak Laila.
“Mari sayang.
Kalian mau kemana dulu?”
“Kita cari baju
yuk mas,” ajake Lisa.
Suwene Lisa,
Laila, lan Bapak Hasan muter-muter luru baju, Lisa lan Laila srek karo baju
werno abang, singletan, lan seksi.
“Mas, saya boleh
beli baju ini nggak?”
“Silahkan, Laila
sayang.”
Sawise Laila,
Lisa, lan Bapak Hasan entuk barang-barang kang dikarepke, Bapak Hasan jalok
nomer telpone Lisa. Laila kroso cemburu, amarga Pak Hasan mboten jalok nomer
telpone. Kedadean kuwi gawe Laila nyedaki Pak Hasan tanpo Lisa ngerti.
Waktu wis
nunjukke yen kuwi wis wektune Laila makaryo. Laila kesah ing virgin bar,
tekaning virgin bar, Laila ketemu pak Hasan, Laila mikir yen kuwi wektune Laila
gawe pak Hasan saged tertarik karo dheweke.
“Mas... .. .. ..
.. ..” Laila nyapa Pak Hasan.
“Iya, siapa ya?”
“Saya Laila,
masih ingat gak mas?”
“Ooo.. Laila ya.
Kenapa?”
“Mas lagi
sendirian ya?” takone Laila marang Pak Hasan.
Pak Hasan mikir, cah wadon iki koyoke
iso di manfaatke.
“Iya nih, mau
nemenin?”
“Mas mau
ditemenin apa nggak?”
“Iya deh, mas
mau ditemenin. Laila bisa nemenin mas kan?”
“Iya mas,”
Pak Hasan lan Laila jagongan kanthi
telung jam.
“Mas, saya mau
ke toilet dulu ya,”
“Iya sayang,
jangan lama-lama ya, nanti mas kangen loh.”
“Iya mas, Laila
gak bakal lama kok.”
Wektu Pak Hasan
diitinggal Laila ning toilet, Pak Hasan kepikiran yen kuwi wektune wonge jupuk
duit kang enek ing tas-e Laila. Nalika dheweke marani Pak Hasan dheweke kaget
amarga Pak Hasan ora ono ning meja kafe. Lan dheweke kaget amarga duwit lan
barang-barang mewah ning njero tase ora ono kabeh.
“Haaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaa,”bengok
Laila.
Sakwise iku wong-wong sing ana ning
njero virgin bar kaget lan podho ngingeti Laila. Laila langsung metu luru Pak
Hasan. Nanging ora ketemu-ketemu karo Pak Hasan.
Sakwise
wonge bengok-bengok ing virgin bar, Laila duweni imageelek ning pelanggan virgin bar, pelanggan-pelanggan virgin bar
ngroso ilfeelkaro Laila. Pekoro
kedadean kuwi, Laila ora payu maneh ing virgin bar, Laila dipecat Mami Jessi.
Seminggu sakwise Laila dipecat, omahe Laila disita bank, amarga Laila ora iso
bayar utang ning bank. Laila diusir saka omahe, tengah wengi Laila iseh
lontang-lantung ning dalan. Laila ora duwe pilihan maneh selain kudu turu ing
ngarep toko.
Srengenge wis
metu, pemilik toko sing dinggo turu Laila wis dhateng.
“Heh, kamu
siapa? Cepat pergi dari depan toko saya, saya mau membuka toko, nanti tidak ada
pelanggan yang mau datang ke toko saya kalau kamu tidak cepat-cepat pergi dari
depan toko saya,”usir pemilik toko, karo nendang bokonge Laila.
Srengenge
Sawise
dheweke diusir karo sing duwe toko, Laila langsung lungo luru panggonan kang
iso dinggo manggon. Nanging dheweke bingung amarga ora ono sedulur utawa kanca
sing manggon ning Jakarta. Dadine dheweke lontang-lantung ning dalan meratapi
paite urip kang dilakoni karo nggunakake sandangan sing ora pantes di enggo,
wis cekak lan morak-marik sarta rambute kayak seminggu ora dirapike. Deweke
dadi setengah stress perkara masalah sing wis dialami. Jiwane uga kaget amarga
sadurunge wonge wis ntok kenikmatan urip sing wis digadang-gadang nalika ijeh
nelangsa urip ning desa malahan saiki donyane wis ludes kabeh. Sing ijeh namong
sandangan sing di enggo. Sandangan kuwi di enggo ngalor-ngidul luru panggonan.
Nanging
wektu ora suwe nalika Laila lontang-lantung luru panggonan karo jiwane sing rada
stress. Ujuk-ujuk ono mobil mewah werna
putih mandek ono ing ngarepe.
“Assalamu’alaikum,”
sapane lelaki ganteng sing nganggo sandangan kayak ustadz.
Sawise
ustadz nyapa Laila, Laila malahan ora mbales salame ustadz. Dheweke malah
guya-guyu sakkarepe dhewe.
“Ha…ha…..ha…,”
jawabe Laila karo tanganne ndudingi marak wajahe ustadz.
Sabanjure
Laila ora mbales salame ustadz, ustadz langsung paham yen Laila wong kang ora
ganep. Nanging sakwise reti yen Laila wong ora ganep, ustadz ora langsung lungo
ninggalke Laila. Dheweke malahan ngrasa kasihan marang keadaanne Laila lan
langsung ngajak Laila melu ning omahe ustadz.
“Kamu
mau ikut dengan saya?” takonne ustadz marang Laila.
Nanging
Laila ora njawab tawanane ustadz. Sabanjure kuwi ustadz langsung narik tanganne
Laila lan ngajak Laila mlebu ning njero mobile. Nalika ditumpakake mobil, atine
Laila seneng banget kayata ora tau numpak mobil sadurunge. AC mobile ustadz
adem lan sejuk banget, sofane uga empuk lan tumpakane nyaman sarta suarane alus
banget. Yen numpak mobil kuwi kayata turu ning springbed_an.
Sekitar rong puluh menitan mobil
kuwi nglintas ing dalan gedhe, akhire mobil kuwi mandek ing ngarep omah sing
megah sing dhuweni pager njulang langit. Sabanjure iku ustadz langsung
mbukakake lawang mobile kanggo Laila lan
ngajak Laila mlebu ing njero omah sing megah kuwi. Sedhela sawise mobil iku ono
ing ngarep omah sing megah kuwi, ana wong wadon sing rupane ayu nganggo setelan
putih-putih kayak pelayan ning restoran mbukakake lawang omah.
“Silahkan
masuk tuan ustadz,” sapane wong wadon sing ayu kuwi karo nyekeli gagang lawang
kang dicat werna putih rodok abu-abu.
“Terima
kasih bik,” jawabe ustadz karo tangane nggandeng tangane Laila tumuju ning
njero omah.
Atine
Laila bungah banget weruh omah sing megah iku. Matane terus ngingeti sudut
saben sudut omah kuwi. Ustadz banjur nakoki jeneng cah wadon sing dheweke
tulung kuwi.
“Nona….
Nona namanya siapa ?” takone ustadz marang Laila
“La….la….la.i..la,”
jawabe Laila nganggo suara pedot-pedot.
“Oooo
Laila. Laila nama saya Qaiz saya biasa dipanggil ustadz Qaiz, namun kamu bisa
memanggil saya Qaiz saja,” tuture ustadz karo tanggane dijabatno karo tangane
Laila.
Sabanjure
ustadz njabatno tangane marang Laila, Laila malahan ora mbales njabat tangane
ustadz. Namung ustadz ora duweni nepsu ngamuk, dheweke ngerti keadaanne Laila
dadine dheweke maklum.
Sakwise mbukakake lawang kanggo
ustadz, wong wadon sing diceluk bik kuwi langsung mlebu ning njero omah lan
nemoni ustadz ning ruang tamu.
“Permisi
tuan, apakah tuan membutuhkan sesuatu?” pitakonne bibik.
“Nggak
bik. Saya hanya minta tolong bibik membantu nona ini untuk berganti pakaian
setelah itu berikanlah dia makanan bik,” jawabe ustadz Qaiz.
“Baik
tuan,” jawabe bibik.
Bibik
langsung ngiwangi Laila ganti sandangan
lanbibik kuwi menehi Laila panganan sing enak-enak.
Apik
Esuk
iki langite mendung. Hawane adem banget menowo arep ono udan. Laila ngadek ning
ngarep omah karo senden soko karo ndelengi langitsing peteng kaya ameh ono udan
dueresss.
“Laila...”ngendikane
pak ustad saka njero omah.
“Ada
apa Iz, ada apa Iz?” ujare Laila.
Laila terus
cepet - cepet moro ning ngarepe ustadz Faiz.
“ada apa ya pak
?”pitakone laila marang pak ustad.
“Gini lho La,
kamu itu ya cewek cantik , saya ajak kamu disini itu supaya bisa menjadi anak
yang mempunyai sopan sapun yang sangat baik, lebih mengerti ajaran agama yang
lebih mendalam. Liala dituturi ustad faiz kaya mengkono mau terus laila mikir
karo ngalamun .
“Ehmm
apa aku bisa jadi seseorang yang dibicarakan ustad faiz tadi ya ?yang mempunyai
iman yang kuat ? “ pikire Laila.
“
Iya Iz aku akan mencoba merubah diriku menjadi sosok yang lebih baik. Semoga
dengan seiring berjalannya waktu aku bisa merubahnya” ,ngomonge laila ning pak
ustad. Laila saben dino mikir-mikir bab kui terus terusan lan akhire saiki
laila nduwe niat kang trep kanggo ngerubah awake dadi bocah sing apik agamane,
sifate lan sopan santune. Laila matur karo pak ustad yen wonge wis mantep nduwe
niatan kanggo ngrubah awake kui.
Adzan
maghrib wis krungu saka njero omah. Laila krungu adzan langsung wudhu terus
nganggo mukena langsung menuju ning masjid bareng pak usatad. Sak suwene mlaku
bareng ning ndalan laila ditakoni karo pak ustad.
“Laila
, kamu itu sebenarnya bisa mengaji nggak la ?
”
pitakonane pak ustad. Insyaallah saya bisa Iz” jawabe laila karo rodok gemeter
njawab, masalahe laila kuwi is suwi ora tau ngaji. “Yaudah gini saja, saya
minta tolong pada kamu, kalau nanti kamu menggantikan aku untuk mengajari anak
anak kecil mengaji. ”, ujare ustad qaiz.
“haaa
aku ?” , laila gugup.
“Tidak
usah gugup la. Menurutku sebenarnya kamu itu bisa mengaji dengan baik.Ya gapapa
kan la,, nanti kamu kan ya bisa lebih mendalami lagi tetntang membaca al-qur’an
dengan lebih baik dan lebih fasih. ujare pak ustad.
“Iya
iz semoga aku masih bisa dengan baik memahami al-qur’an”. jawabe laila marang
pak ustad. Jebule laila kui nduweni swara kang apik lan enak dirungokke. Laila
umpamane dadi guru ngaji ya wis pantes. Soale laila nduweni keluwehan kang apik
yaiku iso moco Qur’an kanti fasih.
Suara pithik
podo kluruk. Iki nandaake yen wayahe wis bengi tenan. Pak ustad saka kamar
krungu swara kricik-kricik ning kamar mandi. Pak ustad mikir
“ iki ono opo yo
ning kamar mandi ? padahal wong wong kabeh yo wis podo turu kok iseh ono swara
banyu” pas ustad mlaku mengguri menuju kamar mandi. Jebule Laila lagi wudhu .
“Mau ngapain la
kamu disini ? ujare pak ustad. Iya pak saya mau wudhu.
“aku sudah sadar
setelah kamu menasehatiku, setelah itu saya mikir-mikir untuk berubah menjadi
yang lebih baik”. Jawabe laialaa . “Alhamdulillah saya sangat senanbg la,
sekarang kamu sudah berubahmenjadi anak yang sangat baik agama dan taqwanya”
ngendikane pak ustad.
“iya terimakasih
Iz”. Jawabe laila . Laila langsung menuju
kamare arep nglasanakno sholat tahajjud.
isuk-isuk iki
hawane adem meneh, nanging awane ora mendung , gur angine sing semilir-semilir
ndadekke esok iki ayem tentrem. Laila sing isuk mau sakwise ngaji, saiki laila
lagi ngresiki musholane pak ustad. Kawit nyapu, ngepel, laila ketok semangate
banget. Pak ustad ngadek lungguh ning emperan ngundang laila sak wise laila
ngresiki mushola.
“laila, tolong
aku belikan koran ditoko sebelah itu. Ujare ustad Qaiz. Laila langsung metu
arep tuku koran . laila langsung menehno koran marang pak ustad. Sakbanjure iku
langsung menuju mushola arep ngelaksanakno sholat dzuhur.
Ungkapan kang Tulus
Denting jam nangekna turune Laila lan ngaburna
mimpi-mimpine. Sithik-sithik Laila mbukak mripate karo ndemek pipine sing
teles. Pipine Laila teles amarga Laila pas turu ngipekna dheweke ketemu ibune
lan Laila sungkem lan nyuwun ngapura karo nangis. Saengga Laila pas tangi turu
pipine teles. Mimpi iku nyentuh relung atine sing paling njero.
Amarga ngingeti jam, Laila langsung
cepet-cepet njupuk banyu wudlu kanggo nglasanakna kewajibane dadi umat
islam.Sakbanjure Laila nglasanakna rukun islam sing ke-2. Pas sholat, Laila
khusyuk tenan. Laila pengen ngrubah dheweke dadi wong kang sing ana ing jalane
Allah Swt. Lan dadi wong sing imane kuat. Ning doane Laila ana doa kanggo
keluwargane sing rusak amarga bangkrute keluwargane zaman mbiyen. Dheweke
pengen ndandani keluwargane sing ameh rusak.
Laila lunga menyang pondok sing
sederhana lan nemoni Qaiz. Qaiz yaiku wong kang imane kuat lan omongane sesuai
syariat agama Islam. Laila percaya yen Qaiz iku wong kang bisa dipercaya.
“Assalamualaikum”
“Walaikum salam” Qaiz njawab karo
muter awake ning Laila.
“Iz, saya boleh nggak bicara
sebentar dengan kamu?”takoke Laila.
“Boleh. Nggak papa kok. Emang
penting ya?”
“Ya nggak terlalu penting sih. Tapi
kalau menurutku sih sedikit penting.”
“Begini
lho Iz, Aku ingin pulang kekampung halamanku besok. Aku ingin memperbaiki
hubunganku denganibuku yang tahun lalu sedikit rusak” tuture Laila.
“Itu
berita bagus dong. Memperbaiki hubungan dengan keluarga yang sedikit rusak itu
memang harus dilakukan agar hubungan yang retak itu tidak putus. Apalagi kita
itu sebagai anak. Sebagai anak kita harus berbakti kepada orang tua,
lebih-lebih kepada ibu kita yang mana ibu kita sudah mengandung kita selama 9
bulan 10 hari. Dan surga ituada di bawah telapak kaki ibu. Orang tua adalah
orang-orang yang menyayangi, mencintai, dan merawat kita sampai sekarang ini.
Seharusnya kita menjaga hubungan keluarga agar tetap erat,”tuture Qaiz sing
panjang lan lebar.
Ngrungokna penuturane Qaiz, Laila
nangis amarga eling karo ibune. Qaiz bingung kenapa Laila nangis, apa Qaiz
salah ngomong apa liyane. Laila terus ngutarakna kepinginane yaiku ngajakQaiz
lunga ning omahe Laila sing ning desa. Qaiz bingung ameh njawab apa. Nanging
Qaiz akhire gelem dijak Laila. Laila ngajak Qaiz amarga pengin ngenalna Qaiz
marang ibune.
Esukke Laila lan Qaiz menyang omahe
Laila.
“barang-barang yang ingin kamu bawa
sudah semua?”takoke Laila marangQaiz.
“Insha Allah sudah semua. Kamu?” takokeQaiz.
Wong
loro iku banjur lunga menyang stasiun. Ning njero sepur, Laila karo Qaiz
ngomongna ibune Laila. Amarga ndungu ceritane Laila, Qaiz ora sabar pengen
ketemu karo ibune Laila. Wis sejam luwih ning njero sepur, akhire tekan
tujuane. Wong loro iku banjur medun saka sepur lan numpak angkutan. Amarga
desane orakena dijangkau angkutan, Laila karo Qaiz numpak ojek supaya bisa
tekan omahe Laila. Perjalanan ning omahe Laila ora segampang sing kaya
dipikirna Qaiz. Akhire Laila karoQaiz wis tekan ing omahe Laila sing ngarepane
saka gedhek cate werna putih.
“Assalamualaikum”
Ning
njero omah ana sing njawab salame Laila. Ibune Laila terus ngetok.
“Emaaaaaaaaakkkkk…….. “ Laila nangis
terus ngrangkul ibune. Ibune ora kalah, Ibune Laila uga nangis lan ngelus
rambute Laila. Qaiz sing ngadek ning nggurine Laila melok nrocoh.
“Emak kula nyuwun ngapura nggih bu.
Kula sampun nyakiti panjenengan. Kula nyuwun ngapura” Laila ngomong karo nangi
snggero-nggero.
“Ora pa-pa nduk. Aku iso mahami
keadaanmu nduk” jawabe Nurhayati karo nangis.
Laila banjur sungkem marang ibune
lan ngambungi ibune. Nurhayati lagi nyadar yen Laila mulih ora dewekan ono
balane.
“Iku sapa nduk?”takoke Nurhayati
marang Laila.
“Eh nggih kula supe. Niku rencang
kula saking Jakarta. Sini lho Iz….”jawabe Laila.
“ Saya Qaiz, bu.” Qaiz salaman karo
Nurhayati
“Niki
rencang kula saking Jakarta. Qaiz iki wong kang ngrubah kula dados wong kang
sae malih.” Tuture Laila.
“Matur nuwun nggih le,”tuture ibune
Laila.
“Sami-sami Bu,” jawabe Qaiz.
“Kok kamu bisa jawab dan
ngerti?”takoke Laila.
“Kan
di tv biasanya ada pemain yang berlogat jawa dan saya bisa sedikit-sedikit,”
jawabe Qaiz
Laila, Nurhayati, Qaiz padha
omong-omongan ning njero omah pada cerita keluargane dhewe-dhewe. Akhire Qaiz
malah betah ning omahe Laila.
Nikah
Esuk sing hawane
atis semilir-semilir, gawe Laila wegah tangi saka kasur. Nanging Laila mekso
awak’e kanggo tangi sholat subuh amarga wektu iku jam ning tembok pandom dowo
ning angka 12 lan pandom cendek nek angka 5, iku pertanda yen wektu subuh kari
sedelok mulane Laila cepet-cepet tangi sanajan rasane awak’e koyok di kepruk’i
amarga banget kesele lagi teko saka Jakarta.
Sakwise
sholat subuh, cepet-cepet Laila nyawang kahanan omah sing wis suwe di
tinggalake marang dheweke. Nalika nyawang kahanan iku Laila marak mburi nyekel
sapu lan nyapuni sakabihane isine omah.
Sakwise geger’e
krasa kesel Laila lungguh ning kursi ngarep sing cedak karo kembang mawar sing
warnane abang branang. Iku tandurane Laila nalika iseh ning omah. Wektu kembang
mawas kang ketok sumpringah iku dadiake Laila mbayangake ustadz kang wibowo tur
omongane ndadekake Laila ora bakal nglalikake senajan omongan-omongan iku wis
suwi di rungokake Laila saka lambene ustadz kang nyigar jarak iku.
“Ingatlah! Kalau hidup itu hanya sementara.”
Omongane Ustadz Qaiz kang tansah gawe
atine laila koyok kesamber petir waktu iku. Nanging ujug-ujug laila sadar yen
kabeh mung angen-angen’e. Nanging Laila jujur yen sakbenere ora mung omongane
tok sing dipikirna. Nanging Laila uga wis mulai kesemsem lan muncul benih-benih
cinta karo rupane uga tindak tanduk’e
ustadz Qaiz.Wektu iku rasa seneng karo Ustad Qaiz durung ketok dhuwur. Sakwise
bayang-bayangane Ustad ilang, Laila mlebu mburi lan resik-resik pawon.
Kebeneran pas iku ibuk’e uga lagi nyiapake sarapan, ujug-ujug ana swara salam.
“Assalamualaikum...” suara saka
lawang ngarep.
“Waalaikum salam...” jawabe ibu.
“kono nduk bukaka lawang, ono tamu!”
perintah’e ibu.
“nggeh buk. ” jawabe Laila karo mlaku nyedaki
lawang ngarep lan suwarane ketuk’an lawang di baleni maneh. Laila ngucap
“nggeh
sekedap...”.
Wektu iku laila
mbukak lawang lan atine kaget banget amarga tamu sing teko ning omahe yaiku
wong kang lagi wae mau di bayangake lan dikangeni Laila.
“Silahkan
masuk”.
Lambene Laila
katon pucet lan gugup sakwise ngerti tamu kang salam mau ustadz sing gawe Laila
dadi wong kang ngerti artine urep.
Ustadz
Qaiz di kon lungguh ing kursi njero. Ora suwe ibuke Laila metu lan nyalami
Qaiz. Laila sing ning ngarepe Qaiz dadi salah tingkah. Ning pikirane Laila
kebak pertanyaan, kenapa ustadz Qaiz teko ning omahe padahal ora ono sing
ngekon Qaiz mara omahe.
Sakwise Ustadz
Qaiz omong akeh-akeh kang intine arep ngajak laila urep bareng lan dadi bojone.
Ibuke Laila ora percaya yen Ustadz Qaiz nglamar Laila amarga Laila nduwe cerita
kang biyen kurang apik. Ustadz Qaiz ngomong yen wonge seneng lan tersna karo Laila
iku apa anane. Qaiz ora peduli karo masa lalune Laila amarga kabeh wong iku
nduwe masa-masa sing angil (pacoban). Sakwise ndungu keterangan saka Qaiz,
Ibuke Laila mantep yen Ustadz Qaiz bener-bener seneng lan tresno karo Laila.
“Bagaimana
Bu, apa Ibu akan mengijinkanku menjadikan mantu Ibu”. Ujar ustadz bolak-balek.
“Piye
nduk? Kuwe gelem apa ora?” takoke ibuke Laila marang Laila.
“Terserah
panjenengan, kula nderek Simbok mawon.”jawabe Laila
“Ya
wis, Kuwe tak terima dadi mantuku.”ature Ibuke Laila karo mesem.
“Laila
tadi Ibumu bilang apa? saya nggak ngerti.” Takoke Qaiz marang Laila.
“Oh,
tadi ibuku bilang, jika kamu diterima menjadi menantunya,”jelase Laila.
“Makasih
Bu,” ature Qaiz marang ibune Laila.
Krungu iku kabeh
Laila rasane koyok kesiram banyu es lan banget senenge amarga arep ndue bojo
lan imam kanggo keluargane sesok. Qaiz lan Laila langsung nguya-ngguyu dhewe.
Wektu
iku Ustadz Qaiz lan ibuke Laila setuju nganakake resepsi pernikahan sak cepete.
Ibuke laila karo Ustadz Qaiz mau setuju rembukan yen nikahe tanggal 26 oktober
2015.
Kurang
rong minggu maneh bocah loro mau podo seneng-seneng nek pelaminan. Ana resepsi
barang. Ape di gawe koyok adat solo pengine Ustadz Qaiz.
Dina
sing di nten-nteni, akhire wis teka. Ning omahe Laila ana wong akeh merga ana
lamaran saka keluwargane Ustadz Qaiz saka jakarta. Ngenteni sak jam , ujug-ujug
teka wong akih mudun saka mobilan . Pada gawa gawane dewe-dewe. Koyoto buah,
lan lain-laine. Ana ijab kabul lan ana foto-foto nganten koyok adat biyasane.
hanik dkk
Tidak ada komentar:
Posting Komentar